Contoh Artikel Bahasa Jawa tentang Lingkungan Hidup


Dampak Lingkungan Kang Reget lan Polusi Sampah
Perkara kang ngengingi sampah mbutahake kawigaten khusus amarga sampah iku dadi perkara nasional. Gagale anggone ngelola sampah nduweni imbas ana ing kualitas kesehatan warga masyarakat, ngrusak estetika kutha, lan ing wektu sak mburi mengko bisa mrebawani ing investor ana ing daerah-daerah.
Miturut ahli kesehatan, polusi sampah bisa ngakibatke dampak kang ora becik kanggo kesehatan, yaiku infeksi saluran pencernaan, kolera, tifus, disentri, lan sakpiturute, amarga laler utawa coro kang bisa nggawa penyakit kuwi mau saka sampah kang numpuk.
Mbuang sampah ing kali bisa nyebabake pencemaran banyu kali. Apa maneh yen ana wong kang  hajat ing kali. Apa dheweke ora mikir yen banyu kali iku penting kanggo uripe masyarakat ing padesan? Pambuangan sampah lan limbah ing kali bisa ngganggu proses banyu ngresep ing lemah.
Apa meneh yen ana sampah-sampah plastik kang ora bisa diurai dening mikroorganisme lemah, bisa ngakibatake numpuke sampah lan limbah. Yen sampah dibuang ing kali, sampah bisa numpuk ing dhasar kali lan nyebabake pendangkalan dhasar kali. Mula ing mangsa rendeng, kali ora bisa nampung banyu, lan bisa nyebabake banjir.
Semana uga dampak saka sampah kang diobong, bisa nyebabake penyakit saluran pernapasan, amarga kebul kang dikasilke saka ngobong sampah kui yen mlebu ing paru-paru bisa nyebabake sesek, apa maneh yen sampahe awujud plastik bisa nyebabake kanker paru-paru.
Kesadaran masyarakat ngengingi pengelolaan lingkungan durung apik, saengga bisa nyebabake bencana saumpama banjir, tanah longsor, lan sakpiturute. Apa meneh lingkungan kang ora becik bisa nyebabake penyakit ing masyarakat, kayata DBD, chikungunya, lan sakpiturute. Mula masyarakat perlu sadhar lan peduli dening lingkungan.
Lingkungan kang reget lan kebak polusi menika kang nyebabake masyarakat ora sadhar ngengengi babagan urip sehat lan akhire nyalahake pemerintah. Perkara lingkungan iku perkara kabeh masyarakat, saengga kita wajib njaga kebersihan lan kesehatanne. Lingkungan sehat yaiku lingkungan kang bebas polusi.

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Laporan Percobaan Reaksi Pendesakan Logam (Kimia)

Ayat-Ayat (Tugas Agama)

Pengertian Strategi Belajar